Selasa, 26 Juli 2016

SEMANTIK TEGES CIYUT



TEGES CIYUT APOSITIF ING BASA JAWA
Farahanna Juliani
12020114040
2012B

A. Purwaka
Teges ciyut apositif ing basa Jawa bisa diweruhi ing saben dinane, bisa ing ngendi wae lan karo sapa wae, nanging durung akeh pawongan sing ngerteni apa sing diarani teges ciyut apositif ing basa Jawa, kamangka teges ciyut apositif ing basa Jawa kuwi wigati banget amarga anane teges ciyut apositif ing basa Jawa bisa nggampangake pawongan kanggo ngandharake apa sing arep diandharake. Ukara sing digunakake ing teges ciyut apositif ing basa Jawa kerep digunakake dening pawongan ing pacaturan sabendina lan dadi pakulinan.
Teges ciyut wis ana sing nliti nanging durung ana panliten sing nliti ngenani teges ciyut apositif ing basa Jawa. Panliten ngenani teges ciyut mung ngandharake ngenani tegese teges ciyut lan tuladhane, nanging durung ana sing nliti ngenani teges ciyut apositif mligine ing basa Jawa. Teges ciyut apositif ing basa Jawa narik kawigaten kanggo ditliti amarga pawongan kerep ngandharake ngenani teges ciyut apositif ing basa Jawa nanging pawongan kasebut ora ngerti apa sing diandharake kasebut kalebu teges ciyut apositif. Pawongan durung sadhar nalika guneman kerep nggunakake teges ciyut apositif ing basa Jawa saengga panliti bakal njlentrehake tegese teges ciyut apositif ing basa Jawa banjur nglompokake tuladha-tuladha sing kalebu teges ciyut apositif ing basa Jawa adhedhasar pamerange. Saliyane kuwi, panliti uga bakal njlentrehake siji mbaka siji tuladha-tuladhane.
Tujuwan nggawe makalah iki supaya kita bisa ngerteni apa tegese teges ciyut apositf  ing basa Jawa sing kerep digunakake nalika kita guneman. Sarta supaya kita bisa ngerteni titikan lan pamerange teges ciyut apositif ing basa Jawa. Makalah iki diajab nduweni paedah supaya pamaca bisa sadhar yen sajrone guneman karo wong liya kerep nggunakake teges ciyut apositif mligine ing basa Jawa.

B. Andharan 
            Makalah iki bakal kaandharake ngenani teges ciyut apositif ing basa Jawa. Kaya wis kaandharake ing ndhuwur yen cara sing digunakake kanthi nggoleki tegese teges ciyut apositif ing basa Jawa, titikane teges ciyut apositif ing basa Jawa, lan pamerange teges ciyut apositif ing basa Jawa. Saliyane kuwi, panliti uga bakal njlentrehake siji mbaka siji tuladha-tuladhane.
1. Tegese Teges Ciyut Apositif ing Basa Jawa
Kridalaksana (2001:133) ngandharake yen teges ciyut yaiku teges sing luwih ciyut tinimbang teges punjere. Dadi bisa dingerteni yen teges ciyut minangka teges paling inti nalika pawongan ngandharake sing dadi kepenginane nalika guneman karo wong liya. Pateda (1989:67) uga ngandharake yen teges ciyut yaiku teges sing luwih ciyut tinimbang sakebehe pangucapan. Bisa dingerteni saka andharane Pateda yen teges ciyut minangka inti saka pangucapan-pangucapan . Inti ing kene digunakake supaya apa sing dikarepake luwih cetha saengga nggampangake pawongan kanggo ngandharake apa sing dikarepake. Teges ciyut uga sinebut teges mligi.
 Teges mligi yaiku teges sing penganggone winates ing bidhang tartamtu (Pateda, 2010:106). Bisa dingerteni uga saka andharane Pateda ngenani teges mligi yen teges mligi winates ing bidhang tartamtu. Tegese winates amarga ana sing dadi watesan. Dadi teges migi diarani teges mligi amarga ana watesan. Chaer (2009:71) uga ngandharake yen teges mligi yaiku teges sing tegese utawa panganggone luwih nduweni watesan. Padha kaya andharane Pateda, apa sing diarani teges mligi ing kene dadi luwih cetha yen teges sing ciyut amarga anane watesan, wates ing kene bisa awujud tembung lan frasa. Kosok baline teges ciyut yaiku teges punjer.
Panemune ahli titi teges siji nyengkuyung panemu ahli titi teges liyane saengga tegese teges ciyut saya cetha lan saya penak dingerteni. Yen dibandhingake, apa sing diandharake dening Kridalaksana, nduweni teges sing padha karo apa sing diandharake dening Pateda uga Chaer ngenani teges ciyut saengga ndadekake tegese teges ciyut dadi saya cetha. Chaer uga nambahi yen sajrone teges ciyut ana tembung sing dadi watesan. Tembung sing asale nduweni teges amba bisa nduweni teges ciyut amarga ana tembung anyar sing dadi watesan. Panemu sing asipat umum yen ditambahi panemu liyane bisa ndadekake ciyute teges sajrone ukara (Djajasudarma, 1999:7-8). Panemu ing kene bisa ditegesi yen wujude yaiku tembung watesan. Anane tembung watesan ndadekake panemu sing sipate umum dadi ciyut. Tembung watesan yaiku tembung sing  gunane kanggo matesi tembung liyane supaya luwih mligi maneh saengga apa sing arep diandharake dening pamicara bisa diandharake kanthi luwih cetha lan luwih gampang.
 Miturutku yen dinalar saka andharane para ahli titi teges, teges bisa ciyut yen saya akeh reroncene tembung lan ndadekake teges apa sing diandharake dadi saya ciyut nanging ora ngowahi tegese saengga tegese dadi saya cetha lan gampang dingerteni. Tegese teges ciyut wis bisa dingerteni saka andharan ing ndhuwur lan yen apositif yaiku andharan sing nduweni paedah nambah utawa ngandharake andharan saurunge. Andharan-andharan kasebut nduweni sesambungan sing raket. Dadi bisa didudut yen teges ciyut apositif yaiku teges sing luwih ciyut utawa luwih mligi tinimbang teges pusate lan tembung siji lan sijine nduweni sesambungan sing raket banget. Teges ciyut nduweni teges leksikal. Teges leksikal yaiku teges sing padha karo asil panliten pancandriya, utawa teges sing nyata sajrone panguripan (Chaer, 2009:60). Miturut Pateda (1989:64), teges leksikal yaiku teges leksem nalika leksem kasebut madek dhewe, teges leksikal nduweni bageyan-bageyan basa sing ora ana sesambungane karo panggunaane utawa kontekse.
Teges sing amba bisa dadi ciyut amarga anane tembung watesan. Tembung watesan ing kene ora ngowahi teges utamane. Anane tembung sing dadi watesan ora ngowahi teges tembung, teges tembung ing kene dadi saya cetha. Dadi yen tembung kasebut nduweni teges “A” amarga ana tembung sing dadi watesan, tembung kasebut ora owah dadi “B” nanging tetep nduweni teges “A”. Teges ciyut apositif ing basa Jawa uga kalebu teges wantah utawa teges sing sabenere.

2. Titikane Teges Ciyut Apositif Ing Basa Jawa
            Pateda (2010:126) ngandharake yen tansaya akeh reroncene tetembungan sajrone ukara, tansaya ciyut teges sing dikarepake. Mula kanggo nyiutake teges sajrone ukara, kita kudu nambahi tetembungan sajrone ukara. Anane teges ciyut apositif ing basa Jawa, pancen ora tau dikenali kanthi cara tliti lan dingerteni kanthi cetha, Aminudin (2011:50). Kudu dingerteni yen nambahi tembung watesan ora bakal bisa ngowahi teges tembung utamane (tembung asale).
            Salah sawijine cara kanggo nyiutake teges sajrone ukara yaiku kanthi nambahi tembung sing dadi watesan (Pateda, 2010:127). Tembung wates tegese tetenger sing digunakake wates (Poerwadarminta, 1937:664). Tembung sing dadi watesan ing kene kudu nduweni sesambungan sing raket banget lan sing penting tembung kasebut bisa dianggo nyiutake teges lan bisa nengenake maksud pamicara uga ora ngowahi teges tembung kang diandharake pamicara.
Teges ciyut apositif ing basa Jawa nduweni teges leksikal saengga teges ciyut apositif ing basa Jawa wujude tembung lan frasa sing duweni teges leksikal. Teges ciyut uga nduweni sesambungan sing raket antara tembung siji lan sijine. Masiya teges ciyut apositif ing basa Jawa nduweni rong tembung utawa luwih nanging amarga digayutake karo teges ciyut saengga wujude nduweni topik lan nduweni katrangan sing ngadharake ngenani topik, antarane topik lan katrangan nduweni sesambungan sing raket. Katrangan ing kene sing ngandharake ngenani inti kasebut. Anane rong tembung watesan, ora ngowahi teges sajrone teges ciyut apositif iku dhewe.

3. Pamerange Teges Ciyut Awujud Tembung Aran
            Teges ciyut apositif ing basa Jawa bisa diperang adhedhasar proses semantike yaiku spesialisasi, spesifikasi, lan topikalisasi.
a. Topikalisasi
Miturut Kridalaksana (1993:217) topikalisasi yaiku owah-owahan salah sawijine babagan sajrone ukara saengga ndadekake topik. Palmer (1981:69) uga ngandharake ngenani isi saka topikalisasi yaiku ngenani topik lan katrangan. Palmer uga menehi tuladha ngenani proses topikalisasi, tuladhane yaiku Raja Prancis botak. Raja Perancis minangka topik lan dheweke botak minangka katrangan, utawa ngandharake ngenani wong sing botak (topik) salah sawijine yaiku presiden Perancis. Miturut Crystal, (1980:358) topik sajrone ukara yaiku anane inti lan frasa sabanjure saliyane inti kasebut minangka katrangan.
b. Spesifikasi
            Miturut Kridalaksana (1993:201), spesifik yaiku (1) teges sing nduweni acuan ing bidhang semantik sing ciyut, kosok baline generik. Saya spesifik pocapan, saya nduweni prangkat unsur lan saya akeh komponen sing dituntut kanggo nemtokake. (2) Diarani ngenani unsur leksikal sing nduweni unsur mligi sajrone tegese.
c. Spesialisasi
Miturut Tarigan (2009:81), proses spesialisasi ngenerake ing sawijine owah-owahan sing nyebabake teges tembung dadi luwih mligi utawa luwih ciyut. Dadi anane proses spesialisasi disebabake amarga anane titikan mligi.
Andharan ing ndhuwur wis ngandharake ngenani tegese teges ciyut apositif ing basa Jawa, apa wae kang dadi titikane teges ciyut apositif ing basa Jawa lan apa wae perangane teges ciyut apositif ing basa Jawa. Mula saka kuwi, sawise iki bakal dijlentrehake tuladhane teges ciyut apositif ing basa Jawa adhedhasar proses semantik.
Tuladha:
1)  Teges ciyut apositif topikalisasi ing basa Jawa
Teges ciyut apositif topikalisasi ing basa Jawa nduweni topik sajrone tuladhane lan ing makalah iki bakal diandharake ngenani topik sajrone tuladha-tuladhane. Babagan iki bisa ditintingi saka tuladha ing ngisor iki:
(a)  Padhang njingglang
Asil saka proses topikalisasi yaiku topik. Tuladha (1a) nduweni topik yaiku tembung padhang. Tembung njingglang mung ngandharake kahanane tembung padhang. Anane tembung njingglang ora ngowahi teges sajrone tuladha (1a). Tuladha (1a) uga minangka teges ciyut apositif amarga nduweni sesambungan sing raket antarane tembung siji (padhang) lan tembung liyane (njingglang). Padhang njingglang uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere yaiku padhang banget.
(b)  Ajur mumur
Asil saka proses topikalisasi yaiku topik. Tuladha (1b) nduweni topik yaiku tembung ajur. Tembung mumur mung ngandharake kahanane tembung ajur. Anane tembung mumur ora ngowahi teges sajrone tuladha (1b). Tuladha (1b) uga minangka teges ciyut apositif amarga nduweni sesambungan sing raket antarane tembung siji (ajur) lan tembung liyane (mumur). Ajur mumur kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere yaiku ajur banget.
(c)  Teles kebes
Asil saka proses topikalisasi yaiku topik. Tuladha (1c) nduweni topik yaiku tembung teles. Tembung kebes mung ngandharake kahanane tembung teles. Anane tembung kebes ora ngowahi teges sajrone tuladha (1c). Tuladha (1c) uga minangka teges ciyut apositif amarga nduweni sesambungan sing raket antarane tembung siji (teles) lan tembung liyane (kebes). Teles kebes kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere yaiku teles banget.
(d)  Garing kumlingking
Asil saka proses topikalisasi yaiku topik. Tuladha (1d) nduweni topik yaiku tembung garing. Tembung kumlingking mung ngandharake kahanane tembung garing. Anane tembung kumlingking ora ngowahi teges sajrone tuladha (1d). Tuladha (1d) uga minangka teges ciyut apositif amarga nduweni sesambungan sing raket antarane tembung siji (garing) lan tembung liyane (kumlingking). Garing kumlingking uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere yaiku garing banget.
(e)  Lemu ginuk-ginuk
Asil saka proses topikalisasi yaiku topik. Tuladha (1e) nduweni topik yaiku tembung lemu. Tembung ginuk-ginuk mung ngandharake kahanane tembung lemu. Anane tembung ginuk-ginuk ora ngowahi teges sajrone tuladha (1e). Tuladha (1e) uga minangka teges ciyut apositif amarga nduweni sesambungan sing raket antarane tembung siji (lemu) lan tembung liyane (ginuk-ginuk). Lemu ginuk-ginuk kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere yaiku lemu banget.
(f)  Nangis ngguguk
Asil saka proses topikalisasi yaiku topik. Tuladha (1f) nduweni topik yaiku tembung nangis. Tembung ngguguk mung ngandharake tembung nangis. Anane tembung ngguguk ora ngowahi teges sajrone tuladha (1f). Tuladha (1f) uga minangka teges ciyut apositif amarga nduweni sesambungan sing raket antarane tembung siji (nangis) lan tembung liyane (ngguguk). Nangis nggunguk kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(g)  Peteng ndhedhet
Asil saka proses topikalisasi yaiku topik. Tuladha (1g) nduweni topik yaiku tembung peteng. Tembung ndhedhet mung ngandharake tembung peteng. Anane tembung ndhedhet ora ngowahi teges sajrone tuladha (1g). Tuladha (1g) uga minangka teges ciyut apositif amarga nduweni sesambungan sing raket antarane tembung siji (peteng) lan tembung liyane (ndhedhet). Peteng ndhedhet kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere yaiku peteng banget nganti ora bisa ndelok apa-apa.
(h)  Udan deres
Asil saka proses topikalisasi yaiku topik. Tuladha (1h) nduweni topik  yaiku tembung udan. Tembung deres mung ngandharake tembung udan. Anane tembung deres ora ngowahi teges sajrone tuladha (1g). Tuladha (1g) uga minangka teges ciyut apositif amarga nduweni sesambungan sing raket antarane tembung siji (udan) lan tembung liyane (deres). kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere yaiku udane terus-terusan lan ora mandhek-mandheg uga banyu udane sing mudhun banter banget.

2)  Teges ciyut apositif spesifikasi ing basa Jawa
Teges ciyut spesifikasi ing basa Jawa nduweni babagan sing spesifik sajrone tuladhane lan ing makalah iki bakal diandharake tuladha-tuladhane lan babagan endi sing nyebabe tuladhane saya spesifik. Babagan iki bisa ditintingi saka tuladha ing ngisor iki:
(a)  Abang mbranang
Proses spesifikasi ngasilake teges sing saya spesifik. Saya spesifik ora ateges ngowahi teges, sing nyebabake tuladha (2a) saya spesifik yaiku amarga anane tembung mbranang. Werna abang nduweni jinis sing maneka werna kayata abang marun, abang bata, lan sapiturute. Anane tembung mbranang tegese werna abang sing abang banget lan teges sajrone tuladha (2a) saya cetha lan ora ngowahi teges wiwitane. Tembung siji (abang) lan tembung liyane (mbranang) nduweni sesambungan sing raket amarga tembung mbranang mung nduweni sesambungan karo werna abang mula diarani apositif. Abang mbranang uga kalebu teges leksikal yaiku teges sabenere.
(b)  Kuning gadhing
Proses spesifikasi ngasilake teges sing saya spesifik. Saya spesifik ora ateges ngowahi teges, sing nyebabake tuladha (2b) saya spesifik yaiku amarga anane tembung gadhing. Werna kuning nduweni jinis sing maneka werna kayata kuning kunyit, kuning tuwa, lan sapiturute. Anane tembung gadhing tegese werna kuning sing semu putih lan teges sajrone tuladha (2b) saya cetha lan ora ngowahi teges wiwitane. Tembung siji (kuning) lan tembung liyane (gadhing) nduweni sesambungan sing raket amarga tembung gadhing biyasane gandheng karo werna kuning mula diarani apositif. Kuning gadhing uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(c)  Ijo royo-royo
Proses spesifikasi ngasilake teges sing saya spesifik. Saya spesifik ora ateges ngowahi teges, sing nyebabake tuladha (2c) saya spesifik yaiku amarga anane tembung royo-royo. Werna ijo nduweni jinis sing maneka werna kayata ijo lumut, ijo gendhul, lan sapiturute.  Anane tembung royo-royo tegese werna ijo sing ijo banget, dadi teges sajrone tuladha (2c) saya cetha lan ora ngowahi teges wiwitane. Tembung siji (ijo) lan tembung liyane (royo-royo) nduweni sesambungan sing raket amarga tembung royo-royo mung nduweni sesambungan karo werna ijo mula diarani apositif. Ijo royo-royo uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(d)  Biru laut
Proses spesifikasi ngasilake teges sing saya spesifik. Saya spesifik ora ateges ngowahi teges, sing nyebabake tuladha kasebut saya spesifik yaiku amarga anane tembung laut. Werna biru nduweni jinis sing maneka werna, anane tembung laut tegese werna biru sing kaya laut utawa biru nom, dadi teges sajrone tuladha (2d) saya cetha lan ora ngowahi tegeswiwitane, lan tembung siji (biru) lan tembung liyane (laut) nduweni sesambungan sing raket amarga tembung laut biyasane digunakake kanggo nyepesifikasikake werna biru supaya apa sing dimaksud saya cetha mula diarani apositif. Biru laut uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(e)  Biru kecu
Proses spesifikasi ngasilake teges sing saya spesifik. Saya spesifik ora ateges ngowahi teges, sing nyebabake tuladha (2e) saya spesifik yaiku amarga anane tembung kecu. Werna biru nduweni jinis sing maneka werna. Anane tembung kecu tegese werna biru sing wernane biru banget saengga yen dideleng rupane semu ireng, dadi teges sajrone tuladha (2e) saya cetha lan ora ngowahi teges wiwitane. Tembung siji (biru) lan tembung liyane (kecu) nduweni sesambungan sing raket amarga tembung kecu mung nduweni sesambungan utawa idhentik karo tembung biru mula diarani apositif. Biru kecu uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(f)   Bunder endhog
Proses spesifikasi ngasilake teges sing saya spesifik. Saya spesifik ora ateges ngowahi teges. Tuladha bunder endhog, sing nyebabake tuladha (2f) saya spesifik yaiku amarga anane tembung endhog. Bentuk bunder nduweni jinis sing maneka werna kayata bunder ser. Anane tembung endhog tegese bundere kaya endhog utawa elips. Dadi teges sajrone tuladha (2f) saya cetha lan ora ngowahi teges wiwitane. Tembung siji (bunder) lan tembung liyane (endhog) nduweni sesambungan sing raket amarga tembung endhog mung nduweni sesambungan utawa idhentik karo tembung bunder mula diarani apositif. Bunder endhog kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(g)  Putih memplak
Proses spesifikasi ngasilake teges sing saya spesifik. Saya spesifik ora ateges ngowahi teges, sing nyebabake tuladha (2g) saya spesifik yaiku amarga anane tembung memplak. Werna putih nduwen jinis sing maneka werna kayata putih susu, puting tulang, lan sapiturute. Anane tembung memplak tegese werna putih sing putih banget. Dadi teges sajrone tuladha (2g) saya cetha lan ora ngowahi teges wiwitane. Tembung siji (putih) lan tembung liyane (memplak) nduweni sesambungan sing raket amarga tembung memplak mung nduweni sesambungan karo werna putih, ora nduweni sesambungan karo werna liyane saengga diarani apositif. Putih memplak kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(h)  Ijo pupus
Proses spesifikasi ngasilake teges sing saya spesifik. Saya spesifik ora ateges ngowahi teges, sing nyebabake tuladha (2h) saya spesifik yaiku amarga anane tembung pupus. Werna ijo nduwen jinis sing maneka werna kayata ijo gendhul. Anane tembung pupus tegese wernane ijo kaya wernane godhong gedhang sing lagek tuwuh. Dadi tembung pupus sajrone tuladha (2h) saya cetha lan ora ngowahi teges wiwitane. Tembung siji (ijo) lan tembung liyane (pupus) nduweni sesambungan sing raket amarga tembung pupus mung nduweni sesambungan karo werna ijo saengga diarani apositif. Ijo pupus uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(i)  Ijo lumut
Proses spesifikasi ngasilake teges sing saya spesifik. Saya spesifik ora ateges ngowahi teges, sing nyebabake tuladha (2i) saya spesifik yaiku amarga anane tembung lumut. Werna ijo nduweni jinis sing maneka werna, anane tembung lumut tegese werna ijo sing kaya lumut utawa werna ijo sing wernane semu ireng, dadi teges sajrone tuladha (2a) saya cetha lan ora ngowahi teges wiwitane. Tembung siji (ijo) lan tembung liyane (lumut) nduweni sesambungan sing raket amarga tembung lumut asring digunakake nalika nyepesifikasikake werna ijo mula diarani apositif. Ijo lumut uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(j)  Kuning gumrining
Proses spesifikasi ngasilake teges sing saya spesifik. Saya spesifik ora ateges ngowahi teges, sing nyebabake tuladha (2j) saya spesifik yaiku amarga anane tembung gumrining. Werna kuning nduweni jinis sing maneka werna, anane tembung gumrining tegese werna kuning kaya rupane kunir bosok, dadi teges sajrone tuladha (2a) saya cetha lan ora ngowahi teges wiwitane. Tembung siji (kuning) lan tembung liyane (gumrining) nduweni sesambungan sing raket amarga tembung gumrining mung nduweni sesambungan karo werna kuning mula diarani apositif. Kuning gumrining uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.

3)  Teges ciyut apositif spesialisasi ing basa Jawa
Teges ciyut spesialisasi ing basa Jawa nduweni babagan sing spesial sajrone tuladhane saengga ing makalah iki bakal diandharake tuladha-tuladhane lan babagan endi sing nyebabe tuladhane dadi spesial. Spesial amarga nduweni titikan mligi sing ora diduweni karo liyane. Babagan iki bisa ditintingi saka tuladha ing ngisor iki:
(a)  Lingsir wengi
Proses spesialisasi ngasilake teges sing spesial, spesial ora ateges ngowahi teges asale. Tuladha lingsir wengi bisa kalebu teges ciyut apositif spesialisasi ing basa Jawa amarga lingsir wengi minangka titikan mligi sing ndudohake tabuh 1 bengi saengga yen ngomongake lingsir wengi bisa dingerteni yen sing dimaksud yaiku tabuh 1 bengi. Ora ana aran liyane kanggo ngarani tabuh 1 bengi saliyane lingsir wengi. Saengga lingsir wengi minangka titikan mligi amarga ora ana aran liyane kanggo ngarani tabuh 1 bengi. Lingsir wengi kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(b)  Tedhak siten
Proses spesialisasi ngasilake teges sing spesial, spesial ora ateges ngowahi teges asale. Tuladha tedhak siten bisa kalebu teges ciyut apositif spesialisasi ing basa Jawa amarga nalika ana slametan ngenani bocah cilik ngideg lemah sepisan diarani tedhak siten. Ora ana aran liyane kanggo ngarani kedadeyan kasebut saliyane tedhak siten, saengga tedhak siten minangka titikan mligi amarga ora ana aran liyane kanggo ngarani slametan bocah cilik nalika ngideg lemah sepisanan. Tedhak siten kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(c)  Mangsa mbedhidhing
Proses spesialisasi ngasilake teges sing spesial, spesial ora ateges ngowahi teges. Mangsa pancen akeh jinise nanging sajrone tuladha mangsa bedhidhing bisa kalebu teges ciyut apositif spesialisasi ing basa Jawa amarga nuduhake tengah-tengahing mangsa ketiga lan dititiki yen wayah esuk adhem banget. Ora ana aran liyane kanggo ngarani kahanan kasebut saliyane mangsa mbedhidhing, saengga mangsa mbedhidhing minangka titikan mligi amarga ora ana aran liyane kanggo ngarani tengah-tengahing mangsa ketiga lan yen wayah esuk adhem banget. Mangsa mbedhidhing kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(d)  Mangsa rendheng
Proses spesialisasi ngasilake teges sing spesial, spesial ora ateges ngowahi teges. Jinise mangsa pancen akeh nanging sajrone tuladha mangsa rendheng bisa kalebu teges ciyut apositif spesialisasi ing basa Jawa amarga nuduhake mangsa sing saben dina udan. Ora ana aran liyane kanggo ngarani kahanan kasebut saliyane mangsa rendheng, saengga mangsa rendheng minangka titikan mligi amarga ora ana aran liyane kanggo ngarani kahanan nalika udan deres saben dina saliyane mangsa rendheng. Mangsa rendheng kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.
(e)  Windu adi
Proses spesialisasi ngasilake teges sing spesial, spesial ora ateges ngowahi teges. Jinise windu pancen akeh, tuladha windu adi bisa kalebu teges ciyut apositif spesialisasi ing basa Jawa amarga nuduhake yen taun 1898-1906 lan 1976-1984 mung diarani windu adi. Ora ana aran liyane kanggo ngarani taun 1898-1906 lan 1976-1984 saliyane windu adi, saengga windu adi minangka titikan mligi amarga ora ana aran liyane kanggo ngarani wektu taun 1898-1906 lan 1976-1984. Windu adi uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sabenere.
(f)  Windu sancaya
Proses spesialisasi ngasilake teges sing spesial, spesial ora ateges ngowahi teges. Jinise windu pancen akeh, tuladha windu sancaya bisa kalebu teges ciyut apositif spesialisasi ing basa Jawa amarga nuduhake yen taun 1923-1930 lan 2001-2008 diarani windu sancaya. Ora ana aran liyane kanggo ngarani taun 1923-1930 lan 2001-2008 saliyane windu sancaya, saengga windu sancaya minangka titikan mligi amarga ora ana aran liyane kanggo ngarani wektu ing taun 1923-1930 lan 2001-2008 saliyane windu adi. Windu sancaya uga kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sabenere.

(g)  Sadulur kuwalon
Proses spesialisasi ngasilake teges sing spesial, spesial ora ateges ngowahi teges. Jinise aran sedulur pancen akeh, tuladha sadulur kawulon bisa kalebu teges ciyut apositif spesialisasi ing basa Jawa amarga sadulur tunggal bapakk seje ibu utawa tunggal ibu seje bapak mung diarani sadulur kuwalon. Ora ana aran liyane kanggo ngarani kahanan kasebut saliyane sadulur kuwalon, saengga sadulur kuwalon minangka titikan mligi amarga ora ana aran liyane kanggo ngarani sadulur tunggal bapakk seje ibu utawa tunggal ibu seje bapak saliyane sadulur kuwalon. Sadulur kuwalon kalebu teges leksikal amarga nduweni teges sing sabenere.

C. Dudutan
Andharan ing ndhuwur bisa didudut yen teges ciyut apositif yaiku teges sing luwih ciyut utawa luwih mligi tinimbang teges pusate lan tembung siji lan sijine nduweni sesambungan sing raket banget uga nduweni paedah nambah utawa ngandharake andharan saurunge. Teges ciyut nduweni teges leksikal. Teges leksikal yaiku teges sing padha karo asil panliten pancandriya, utawa teges sing nyata sajrone panguripan. Tembung sing nduweni teges amba bisa dadi ciyut yen diwenehi tembung watesan. Titikane teges ciyut apositif ing basa Jawa ana telu, yaiku anane reroncene tembung-tembung sajrone ukara amarga saya akeh reroncene tembung saya ciyut tegese, anane tembung sing dadi watesan lan teges ciyut apositif paling ora awujud gatra. Teges ciyut apositif diperang adhedhasar proses semantik ana yaiku topikalisasi, spesifikasi, lan spesialisasi.

Kapustakan
Aminuddin. 2011. Semantik: Pengantar Studi tentang Makna. Bandung. Sinar Baru         
              Algesindo.
Chaer, Abdul. 2009. Pengantar Semantik Bahasa Indonsesia. Jakarta: Rineka Cipta.
Crystal, David. 1980. A Fistr Dictionary of Linguistics And Fonetics. USA: Cambridge
              University Press
.
Djajasudarma, Fatimah. 1999. Semantik 2: Pemahaman Ilmu Makna. Bandung: PT Rafika
              Aditama.
Kridalaksana, Harimurti. 2001. Kamus Linguistik. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.
­­­__________________. 1993. Kamus Linguistik Edisi Ketiga. Jakarta: Gramedia Pustaka
              Utama
.
Palmer, F.R. 1981. Semantics Second Edition. Cambridge: Cambridge University Press.
Pateda, Mansoer. 1989. Semantik Leksikal. NTT: Nusa Indah.
_____________. 2010. Semantik Leksikal. Jakarta: Nusa Indah.
Tarigan, Henry Guntur. 2009. Pengajaran Semantik. Bandung: Angkasa.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar