Rabu, 27 Juli 2016

PSIKOLOGI SIGMUND FREUD



Psikologi Sastra
A. Teori Psikoanalisis Sigmund Freud
Psikologi sastra nyinaoni babagan psikologi pangripta, proses kreatif nulis karya sastra kang oleh pangaribawa saka peran alam bawah sadhar lan alam sadhare pangripta, psikologine karya sastra, lan psikologise pamaca. Psikologi kalebu unsur ekstrinsik karya sastra. Pasikologi sastra yaiku tintingan sastra kang ngandharake ngenani pamikiran-pamikiran lan tumindake manungsa (paraga) ing donyane sastra. Psikologi paraga kang onjo sasjrone karya sastra bisa nggawe crita kasebut luwih urip. Freud ngandharake ngenani psychoanalisa minangka sawijining teori ngenani kapribadhen. Sajrone teori psikoanalisis, rerangken kapribadhen manungsa iku dumadi saka telung perangan, yaiku id, ego, lan superego.
            1. Id (das Es)
            Id  yaiku sakumpulan naluri-naluri kang ana ing ngisor alam sadhare manungsa. Id minangka komponen kapribadhen manungsa kang paling dhasar, kang digawa wiwit lair. Id nduweni tugas kanggo ngandharake kabutuwan salah sawijine manungsa supaya dadi daya motivasional kang diarani insting utawa nepsu. Miturut Freud, id kuwi sumber primer saka energi rohaniah lan pangonan kanggo ngumpulake naluri-naluri. Id ora diprentah dening logika, dheweke ora nduwe akhlak, mung tumindak kanggo nuruti pepinginan naluri. Id (das Es) uga bisa dingerteni minangka sistem kapribadhen kang isine yaiku naluri-naluri gawan saka lair. Id nuweni rong proses cacahe, yaiku prastawa dadakan utawa ora sadhar saka lair. Proses kapindho yaiku proses primer, kanthi reaksi psikologi kang ruwet, angen-angen bab kabutuwan sajrone pamikirane manungsa. Fungsi id yaiku ngupayakake kanggo ngurangi utawa ngilangi ketegangan lan mlihake marang tingkat energi kang normal.
            2. Ego (das Ich)
            Lapisan pamikire manungsa kang ana ing alam sadhar kang nduweni gegayutan karo jagading panguripan iku diarani ego. Miturut Freud (1920:371) sajrone ego ana kekuwatan kang ora bisa leren olehe ngritik lan mbandhingake. Miturut Berry, ana patang andharan kang wigati ngenani ego, yaiku:
Ø  Ego nuduhake marang awake dhewe ngenani apa kang “nyata”. Ego minangka pemersatu utawa kang nggawe akal sehat.
Ø  Ego asipat praktis lan rasional.
Ø  Rasa kuwatir lair saka ego.
Ø  Ego diwawas luwih lemah tinimbang id, nanging teratur lan luwih egois saengga bisa ngurusi babagan kelemahan.
Ego nggunakake represi lan mekanisme pertahanan kanggo njaga saka rasa was sumelang. Ego bisa mbantu manungsa kanggo nenimbang apa kang bisa maremake butuhe awak tanpa nyusahake.
3. Superego (das Uber-Ich)
Superego yaiku moral utawa ukum saka kapribadhen. Supergo yaiku sistem kapribadhen kang nduweni nile-nile lan aturan-aturan kang asipat evaluative. Superego yaiku zat kang paling dhuwur sajrone awake manungsa kang menehi garis-garis pengarahan etis lan norma-norma kang kudu dianut. Freud uga ngandharake superego dumadi lumantar internalisasi pranatan dening manungsa kang nduweni daya pangaribawa tumrap dheweke, tuladhane wong tuwa lan guru. Superego paling ora nduweni telung fungsi yaiku:
Ø Kanggo ngendhaleni impuls-impuls naluri id, supaya rangsangan kasebut bisa disalurake kanthi cara utawa awujud kang bisa ditampa dening masyarakat
Ø Nuntun ego kanthi pranatan moral, tinimbang kasunyatan
Ø Menehi dhukungan marang manungsa supaya bisa sampurna uripe
B. Problem Kajiwane Paraga
            Problem kajiwene paraga kang diandharake saka teorine Sigmund Freud yaiku rasa kuwatir kaya kang dinadharake ing ngisor iki:
            1. Rasa Kuwatir
            Kahanan apa wae sing bisa njalari ora nyamane sawijine pawongan nuwuhake kahanan kang diarani rasa kuwatir. Maneka warna masalah lan wujude owah jiwa bisa dadi alangan sawijine pawongan kanggo gayuh tujuwan minangka salah sawijine sumber rasa kuwatir. Ancaman utawa alangan ing kene bisa arupa fisik, psikis, lan maneka sebab sing njalari rasa kuwatir. Rasa kuwatir miturud Freud diperang dadi telu, yaiku:
Ø  Rasa Kuwatir Realistis
Rasa kuwatir kang nyata kasebut minangka rasa kang alami lan asipat rasional. Prakara kasebut lumrahe diarani reaksi tumrap bebaya eksternal. Rasa kuwatir tipe iki yaiku rasa kuwatir lan wedi karo bebaya kang ana. Bebaya kuwi saka kahanan sajrone lingkungane dhewe. Pawongan kasebut rumangsa antuk ancaman kang bisa bebayani lan bisa njalari dheweke nandang kacilakan. Rasa kuwatir iki asipat fisik.

Ø  Rasa Kuwatir Neurosis
Pawongan kang nandang rasa kuwatir neurosis bakal ngadhepi gangguan ing pamikire. Kahanan iki diarani “cemasnya harapan”. Pawongan kang nandang rasa kuwatir neurosis tansah antisipasi marang samubarang kang ala lan condhong ing asipat peimis. Bedane rasa kuwatir tipe iki yaiku anane rasa wedi marang ukuman kang bakal ana amarga dheweke wis nyeleweng lan nerak paugeran. Rasa kuwatir tipe iki yaiku rasa kuwatir lan wedi marang sawijine perkara kang durung bisa diweruhi kepastiane

Ø  Rasa Kuwatir Moral
Pawongan kang nduwe tipe rasa kuwatir kaya ngene tansah mikir lan ngrasa salah yen awake dhewe nglakoni sawijine tumindak kang nyleweng lan ora gathuk norma moral. Dheweke bisa mikir endi sing ala lan becik, lan dheweke rumangsa salah yen dheweke nglakoni sawijine tumindak kang nyleweng saka moral.
C. Mekanisme Pertahanan Ego
            Mekanisme pertahanan ego yaiku istilah kang digunakake dening Freud supaya bisa ngadhepi rasa kuwatir utawa problem kajiwane manungsa. Sajrone mekanisme pertahanan ego ana telung perkara kang wigati yaiku:
Ø  Mekanisme pertahan adhedhasar anane observasi tumrap lakone paraga utawa indhividu
Ø  Kudu paham lan kudu bisa maknani faktor-faktor kang njalari sawijine pawongan nggunakake mekanisme nalikane dheweke ngadhepi masalah
Ø  Sakabehe mekanisme ana sajrone panguripan sabendinane pawongna kang normal, ora mampune sawijine pawongan adaptasi. Mekanisme pertahan ego nduweni tujuwan yaiku ngurangi rasa kuwatir.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar