Sosiologi Isi Karya Sastra
(Wellek dan Warren)
Miturut Wellek dan Warren
(2013:111), sosiologi isi karya satra nduweni tujuwan uga nduweni babagan liya
sing tersirat sajrone karya sastra
iku dhewe lan nduweni gegayutan karo perkara sosial sing ana ing tengah-tengah
masyarakat. Sastra minangka pangilon panguripan masyarakat, reproduksi, utawa
dokumen sosial kahanan masyarakat. Anane owah-owahan selera masyarakat sajrone
karya sastra uga ndudohake owah-owahan sosial sing ana sajrone masyarakat. Sosiologi
isi karya sastra dibentuk karo tradhisi lan kabudayan sing ana sajrone
masyarakat. Sastra uga nduweni gegayutan sacara ora langsung karo babagan
politik, ekonomi, lan sosial. Apa sing dilakoni masyarakat nduweni sesambungan
sing raket, saengga kita bisa ngerti sesambungan antarane cara produksi sastra
amarga sistem ekonomi masyarakat minangka sistem kekuwasaan sing pungkasane
bisa ngatur masyarakat. Perkara ngenani sastra lan masyarakat ana sajrone
sesambungan sing sipate simbolik lan nduweni teges. Kita bisa nggunakake
istilah-istilah sing nduweni inetgrasi karo sistem budaya, lan nduweni
sesambungan karo tindak tanduke manungsa, sing wigati ing kene yaiku sastra
dudu pangganti sosiologi, politik utawa ekonomi. Sastra nduweni tujuwan lan
alasane dhewe.
Miturut Endraswara (2011:78), isi karya
sastra bisa dibentuk kanthi cara nggunakake swasana lingkungan lan kekuwatan
sosial sajrone periode utawa jaman tartamtu. Teks sastra bisa dingerteni
minangka pantulan jaman amarga karya sastra minangka saksi jaman. Sajrone karya
sastra ana aspek imajinasi lan manipulasi nanging aspek sosial uga perlu
digatekake. Aspek-aspek sosial bakal ana sajrone karya sastra. Babagan sing
paling wigati yaiku, isi karya sastra minangka pangilon. Sastra dianggep
minangka tiruwan masyarakat. Perjuwangan manungsa bakal dadi werna sajrone isi
karya sastra iku dhewe. Isi sosiologi karya sastra luwih nengenake kahanan
masyarakat ing jamane, kayata crita si mlarat lan si sugih. Crita kasebut
ndudohake kahanan sosial lan ekonomi masyarakat.
Ana maneh crita ngenani Siti Nurbaya
anggitane Marah Rusli sing pouler ing jamane. Crita Siti Nurbaya uga salah
sawijine karya sastra ngenani kahanane masyarakat. Tanpa nggatekake unsur
ekstrinsik, geguritan-geguritan Amir Hamzah, Chairil Anwar, lan uga cerpen uga
novel sing diwaca minangka karangan ilmu sosial sing isi karya sastra kasebut
ngandhut perkara sosial. Antarane jinis karya sastra, yaiku geguritan, prosa,
drama, jinis prosa mligine novel sing dianggep paling onjo. Paling onjo amarga
paling akeh ndudohake aspek-aspek sosial, onjo apa orane bisa dideleng saka isi
karya sastra iku dhewe.
Miturut Ratna (2013:232), isi karya
sastra kudu digunakake padha karo aspek-aspek kabudayan sing liyane. Carane
yaiku mbalikake karya sastra sajrone tengah-tengah masyarakat lan ngerteni yen
karya sastra minangka bageyan saka masyarakat sing ora bisa dipisahake. Karya
sastra nduweni sesambungan sing raket karo masyarakat amarga isi karya sastra
kasebut nyritakake kahanane masyarakat uga karya sastra urip sajrone
masyarakat, ngandhut aspek-aspek panguripan sing ana sajrone masyarakat, lan
pungkasane nduweni paedah kanggo masyarakat iku dhewe.
Kabebasan uga kemampuan karya sastra
kanggo nglebokake sakabehane aspek panguripan sajrone masyarakat ndadekake karya
satra nduweni sesambungan sing raket karo aspirasi masyarakat. Mahabarata lan
Ramayana, salah sawijine karya sastra sing isine ngenani etika lan filsafat
panguripan. Karya sastra Balai Pustaka nduweni isi karya sastra ngenani perkara
kawin paksa, karya sastra Lekra ngandhut idielogi Marxisme. Embrio nasionalisme
ana sajrone kumpulan geguritan Tanah Air
(Muhammad Yamin), embrio emansipasi wanita ana sajrone Layar Terkembang (Sutan Takdir Alisjahbana), priyayi Jawa ana
sajrone Para Priyayi (Umar Kayam),
ronggeng kaandhut sajrone Dukuh Paruk
(Ahmad Tohari), lsp. Kabeh karya sastra kasebut nduweni isi ngenani perkara
sosial sing ana sajrone masyarakat ing jamane.
Miturut Escarpit (2008:14), isi
sosiologi sastra kudu nggatekake kekhasan fakta sastra kanthi cara menehi
keuntungan pamaca, nggunakake ilmu sastra tradisional-sejarah saengga isi karya
sastra nduweni tugas nggatekake tingkatan masyarakat. Isi karya sastra ngenani
perkara sosial paling diugemi masyarakat ing jaman saiki amarga crita sajrone
karya sastra kasebut akeh masyarakat sing ngalami uga ing kana ana ilmu kanggo
para pamaca. Tingkatan masyarakat uga sing paling wigati sajrone masyarakat,
tingkatan-tingkatan kasebut sing nyebabake perkara antara masyarakat siji lan
liyane. Perkara kasebut banjur dirembakake karo pangripta saengga bisa nuwuhake
nile sastra uga bisa narik kawigaten para pamaca.
Kapustakan
Endraswara,
Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian
Sastra. Epistimologi, Model, Teori
dan Aplikasi. Caps: Jakarta.
dan Aplikasi. Caps: Jakarta.
Escarpit,
Robert. 2008. Sosiologi Sastra. Yayasan
Obor Indonesia: Jakarta.
Ratna,
Nyoman Kutha. 2013. Teori, Metode, Teknik
Penelitian Sastra. Pustaka Belajar:
Yogyakarta.
Yogyakarta.
Wellek,
Rene dan Austin Warren. 2013. Teori
Kasusastraan. PT. Gramedia: Jakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar