Rabu, 27 Juli 2016

ARIKEL STRUKTURALISME SASTRA



Strukturalisme
Miturut Teeuw (1988:110),  jinis sastra mujudake mata rante kang nyambungake karya sastra indhividhual karo kasemestan sastra. Akibate pamaca menehi makna marang sawijine teks miturut pangajabe lan pamahamane ngenani sitem konfensi kang dianggep ana sajrone karya sastra tartamtu.
Miturut Ratna (2009:75), teori sastra ing abad 20-an ngrembaka, pangrembakane iku dhewe sejajar karo anane pangrembakane genre sastra. Kemajuan sajrone bidhang teknologi informasi bisa nopang sarana lan prasarana. Fungsi utama karya sastra yaiku kanggo nglukisake, nyerminake panguripane manungsa lan panguripane manungsa supaya tansaya ngrembaka. Strukturalisme bisa dadi saji karo panguripane manungsa lan strukturalisme dianggep minangka teori modern kang bisa nggawa manungsa ing tingkat pemahaman paling dhuwur. Sajrone strukturalisme, konsep fungsi nduweni peranan kang penting. Tegese, unsur-unsur minangka titikan mligi teori kasebut saengga teori kasebut bisa nduweni peran kang maksimal. Minangka kualitas totalitas, antarsesambungan minangka energi, motivator, anane gejala-gejala lan mekanisme saengga bisa nuwuhake teges-teges kang anyar. Tanpa anane antarsesambungan , unsur ora nduweni teges, tanpa anane sesambungan, unsur mung nduweni fungsi minangka agregasi. Sacara etimologis, struktur nduweni teges bentuk utawa bangunan. Asal usul strukturalisme bisa dilacak sajrone Poetica Aristoteles, kang nguweni sesambungan karo tragedi lan mlgine nduweni sesambungan karo plot.
Miturut Teeuw (Ratna, 2009: 88), mligine sajrone ilmu sastra, strukturalisme ngrembaka amarga anane tradhisi formalis. Tegese, asil-asil kang ana sajrone tradhisi formalis banjur dibanjutake sajrone strukturalis. Para tokoh formalis, akeh-akeh melu nyengkuyung anane teori strukturalis. Miturut Robert Scholes (Ratna, 2009:89), ngandharake yen anane strukturalisme ana telung tahap, yaiku: minangka pergeseran paradigma berpikir, minangka metode, lan minangka teori. Strukturalisme banjur disempurnakake sajrone strukturalisme genetik, resepsi, interteks, lan pungkasane pascastrukturalisme mligine sajrone dekonstruksi. Strukturalisme lair amarga anane ketidakpuasan lan minangka kritik saka teori formalisme. Sacara dhefinitif strukturalisme nduweni teges supaya kita kudu ngerteni ngenani unsur-unsur iku dhewe, kanthi mekanisme antarsesambungan, antarsesambungan unsur siji lan unsur liyane, lan sesambungan antarane unsur lan totalitas. Sacara definitif strukturalisme nduweni kawigaten tumrap analisis unsur-unsur karya.Saben karya sastra meshi nduweni unsur kang beda. Unsur-unsur pokok kang kinandhut sajrone telung karya sastra yaiku prosa, geguritan, lan drama. Unsur prosa antarane tema, kedadeyan, setting, paraga, pamaragan, alur, sudhut pandhang, lelewane basa.
Unsur guritan antarane tema, lelewaning basa, imajinasi, irama, rima, diksi, simbol, nada, lan enjambemen. Unsur drama antarane tema, dialog, kedadeyan, setting, paraga, pamargan, alur, lelewane basa. Sajajar karo strukturalisme dhinamik, strukturalisme genetick dirembakake amarga anane penolakan marang analisis strukturalisme murni, analisis marang unsur-unsur intrinsik. Strukturalisme dinamik utawa genetik uga nolak marang peranan basa sastra kang mligi. Pambedane, strukturalisme dinamik nglibatake peranan penulis lan pamaca sajrone komunikasi sastra, strukturalisme genetik nduweni sesambungan karo struktur sosial. Babagan kaya mangkana kang nyebabake strukturalisme genetik ngrembaka. Sacara definitif, strukturalisme genetik yaiku analisis struktur kanthi menehi kawigaten marang asal-usul karya. Sacara ringkes, strukturalisme genetik, menehi apresiasi marang unsur intrinsic lan ekstrinsik. Strukturalisme genetik isih ditopang karo teori-teori canggih kang diduweni karo teori sosial kayata simetri utawa homologi, klas-klas sosial, subjek transindhividhual, lan pandhangan dunia. Konsep-konsep kasebut kang ndadekake strukturalisme genetik dadi misuwur ing taun 1980-1990an.
Sajrone panliten, langkah-langkah kang kudu ditindakake yaiku:
1.      Nliti unsur karya sastra
2.      Sesambungan unsur-unsur karya sastra marang totalitas karya sastra
3.      Nliti unsur-unsur masyarakat kang nduweni fungsi minangka genesis karya sastra
4.      Sesambungan unsur-unsur masyarakat kanthi totalitas masyarakat
5.      Sesambungan karya sasatra lan masyarakat
Miturut Ratna (2009:127) saliyane teori strukturalisme genetik lan dinamik, ana maneh teori ngenani strukturalisme naratologi. Naratologi uga diarani teori wacana (teks) naratif. Naratologi utawa teori wacana ditegesi minangka seperangkat konsep ngenani crita lan pen(crita)an. Naratologi ngrembaka atas dhasar teori analogi linguistik, kayata model sintaksis, lan sesambungan antarane subjek, predikat, lan objek.
Miturut Teeuw (1988:136), analisis struktural nduweni tujuwan kanggo ndhudhah lan medarake sacara tliti lan rowa. Analisis struktural nggabungake kabeh aspek karya sastra kang bebarengan ngasilake makna sumebar rata. Tuladhane analisis struktur karya sastra kang becik lan tepak wis akeh diasilake sajrone maneka basa. Ind Indhonesia uga wis akeh analisis struktur kang diasilake kanggo skripsi sarjana. Ora bisa kaetung cacahe analisis marang karya sastra kang maneka warna, diterbitake ing endi-endi lan pamaregan struktural marang karya sastra mujudake pikoleh elmu sastra kang becik.
Miturut Nurgiyantoro (2009:37), analisis struktural karya sastra bisa ditindakake kanthi cara nitiki, nintingi, lan ngandharake piguna lan sesambungan antarane unsur intrinsik fiksi kasebut. Analisis struktural nduweni tujuwan medarake piguna lan sesambungan anatarane unsur karya sastra kang sacara bebarengan ngasilake makna. Analisis struktural ora mung ditindakake kanggo ngandharake unsur tartamtu kayata kedadean, alur, paraga, lsp. Nanging kang luwih wigati yaiku nuduhake kaya apa sesambungan antarane unsur kasebut, lan sumbangan apa kang diwenehake marang tujuwan kaendahan.
Kapustakan
Nurgiyantoro, Burhan. 2009. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University 
Press.
Ratna, Nyoman Kutha. 2009. Teori, Metode, dan Teknik Penelitian Sastra. Yogyakarta:
Pustaka Pelajar.
Teeuw, A. 1988. Sastra dan Ilmu Sastra: Pengantar Teori Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar